Selasa, 11 Februari 2014

Khutbah Jum'at Hikmah Ramadhon


2 Hikmah Agung Ramadhan
Masjid Nurul Hasan Mranggen Beton, Jum’at wage, 10 Ramadhan 1434 / 19 Juli 2013
 Dening : Habib Anshori, MA.


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الحمد لله , الحمد لله الذى جـعـل الليـل   والـنتهـارخلـفـة لـمـن أراد أن يـذكـر أوأراد شـكـورا *  أحـمـده سـبحانـه وتـعـالى وأشـكره واسـتـغـفـره وأتـوب الـيـه من جمـيـع الـذنـوب صـغـيـرا وكـبـيـرا  *  أشـهـد ان لا اله الا الله وحده لا شـريك له وكان بـعـبـاده عـفـوا غـفـورا * واشـهد أن محمدا عبـده ورسـوله الـذي  أرسـله الله للـعـالـمـيـن بشـيرا ونذيرا *   شـهادة مـن قـال لـهـا فـرحـمـه مـن الـخـطيئات  مـغـفـورا * وتـقـبـلـه مـن الـصـالحـات وأنـالـه ثـوابـا وأجـورا * اللهـم صـلى وسـلم على مـن يـحـب الـفقـراء والـمسـاكـيـن ورحـم الـيـتـامى وأطفـالا وصـغيـرا *  اللهم صلى محمـد  صـلى اللـه عـلـيـه وسـلـم رسـولا ومبـشـرا ونـذيـرا *   صلاة تـنجينـا بهـا من جـمـيـع الأهـوال والأفـات بـاطـنـا وظـهـيـرا *  وعلى ألـه وأصــحابه ومن تبعهم مـا تـعـاقـبت الأوقـات والـسـاعـات لـيلا ونـهـارا  *  أمـابعـد فيـا أيها الأخـوان رحمكم الله , أوصــيكم واياي بتقـوىالله  *  وَقَدْ قَالَ اللهَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْم  ِ*   أَعُـوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ  *   بِسْـمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْم *  يَآ أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ *

Jama’ah jum’ah rahimakumullah.....
Mangga kita sesarengan nambahi taqwa kita dateng Allah, kanti estu estu tansah netepi  taat dateng sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar lan nebihi  sedaya awisanipun. Ampun ngantos kumawantun nilar kwajiban lan nglirwaaken dawuh dawuhipun Allah, lan ugi ampun ngantos nerjang palang awisan ipun Allah.wonten ing kawontenan kados menapa kemawon, tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang  saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala, wiwit ing alam dunya punika ngantos dumugining akherat, Ringkesipun tansah nertepi iman lan taqwa, Inggih namung kanti sarana mekaten, kita bade manggihaken kawilujengan gesang dunya dumugining akhirat. Amin amin amin  ya rabbal ‘alamin

Jama’ah jum’ah rahimakumullah.....
Alhamdulillah ! ing kesempatan menika kita wajib bersyukur dhumateng Allah SWT., paling mboten kranten 2 perkawis; (1) Allah SWT sampun ngijinaken kita kanthi   panjang umur sahingga ngantos detik menika kita taksih kuwaos ngambah margi laras kaliyan pitedahipun Allah saha Rasul-Ipun; (2) Allah sampun paring kesempatan dhumateng kita kepanggih kaliyan wulan mubarrak; wulan suci Ramadhan tahun menika; setunggal wulan ingkang ing lebetipun kebak kaliyan keistimewaan ingkang mboten wonten ing wulan-wulan sanesipun; ing wulan menika sampun dipun turunaken Sabda Gusti Ingkang Akariya Jagad-Allah SWT (al-Quran al-Karim) pinangka syifa’ sekaligus rahmat kagem semesta alam (lan secara khusus kagem hamba-Ipun ingkang beriman), melalui hamba-Ipun ingkang suci lan terpilih-Muhammad SAW.; lan kranten menika ing wulan menika dipun gelar setunggal dalu-sebuah malam agung lan istimewa – lailat al-qadr, dimana nilai keutamaanipun berlipat-lipat tak terhitung ingkang lajeng dipun sederhanakaken kanthi bahasa sederhana; sebuah malam ingkang nilai keutamaanipun langkung sae dibanding 1000 wulan, sementara hakikat nilai keagunganipun namung Gusti Allah kemawon ingkang pirsa; ing wulan menika ugi, Allah SWT nurunaken para malaikat-Ipun dateng bumi kagem nggampangaken urusan hamba-hamba-Ipun Allah ingkang berasyik maksyuk (ketungkul) ing ndalem thaat dhumateng Allah, ngantos kranten kathahipun Malaikat ingkang turun ke bumi, ndadosaken bumi menika kados-kados rupek-padet dening rawuhipun para  malaikat menika; tak pelak, doa-doa ijabah ingkang medal sangking  lisan para Malaikat menika membahana menembus langitipun Allah ingkang luas menika; salamun hiya hatta mathla’ al-fajr; barakah lan salamipun  Allah membuai hamba-hamba-Ipun ingkang shalih; ingkang menyambut lan memperlakukan Ramadhan kanthi segenap jiwa lan raga, ngantos fajr kebahagiaan hakiki ing swarganipun  Allah Ingkang Maha Agung.

Jama’ah jum’ah rahimakumullah.....
Kagem kita umat Islam, kehadiran wulan suci Ramadhan di tengah-tengah panggesangan kita, disamping pinangka rahmat ingkang sanget agung, Ramadhan ugi paring i’tibar, hikmat, saha pelajaran ingkang sanget agung. Paling mboten ing wulan menika wonten 2 hikmah ingkang sanget sae lan pantes kita dadosaken  renungan inggih puniko :
Sepisan, Ramadhan ngengetaken kita kaliyan kesalahan-kesalahan lan dosa-dosa ingkang sampun kita tindakaken.
Kita sadar, bilih sedaya keturunan Adam AS., (kejawi Rasulullah Muhammad SAW; sang ma’shum; ingkang tersucikan sangking dosa lan kesalahan), nate nindakaken salah lan dosa, sebaik apapun tiyang menika. “Sak apik-apike manungsa, kata Rasulullah SAW., dudu wong kang ora nate nglakoni dosa (amarga iku ora mungkin), ananging wong kang apik yaiku kang sithik dosane, lan enggal nyadari kesalahan  lan dosane mau, terus mbarengi kanthi ngrasa getun kang banget nganti ing atine kang paling dalam bergema ikrar penyesalan lan janji tulus ora bakal mbaleni kesalahan lan dosane mau; dheweke  nindakake taubat kang tenanan (taubat nasuha).”

Setunggal hadis riwayat Imam Ahmad ngriwayataken, bilih; Suatu saat ketika Rasulullah melangkahkan kaki ke tangga mimbar khutbah, beliau melafadzkan   amien lan mengulang-ulangnya ngantos kaping 3; bersamaan kaliyan tindak langkahipun ing undak-undakan mimbar 1, 2, lan 3, ingkang sakderengipun Rasulullah mboten naten tumindak makaten. Sahingga, mboten wurung,  sikap beliau ingkang kharij al-‘adat (mboten biasa) menika mengundang  pertanyaan para sahabat, sakbibaripun shalat jum’at rampung; “Ya Rasul ! kenging menapa panjenengan kalawau nindakaken perkawis ingkang sakderengipun mboten nate panjenengan tindakaken ?” Rasulullah paring jawab: “bener Sudaraku,  nalika ingsun mlangkahake suku ing undak-undakan mimbar khutbah 1 ; Malaikat Jibril AS mbisikake ing talinganku: “bakal mengalami kekecewaan lan kerugian besar wong kang menawa den sebut asmane Rasulullah, nanging dheweke ora gelem ngucapake shalawat Rasul” ; banjur aku ngucap “amien”;

Terus nalika aku nglangkahake sukuku ing undak-undakan 2, Malaikat Jibril membisikake maneh ing talinganku: “bakal ngalami kekecewaan lan kerugian besar wong kang sempat urip lan srawung karo wong tua lorone (bapa-biyung kang wus nglahirake lan nggedekake), nanging dheweke ora bisa mlebu swarga (krana durhaka marang wong tua); banjur  aku mengucapke “amien”;

Lan nalika ingsung nglangkahake sukuku ing undak-undakan nomer 3, Malaikat Jibril AS membisikkan malih ing talinganku: “bakal ngalami  kekecewan lan kerugian besar wong kang sempat ketemu karo wulan Ramadhan, ananging  dosa-dosane orak dingapura dening Allah.”, banjur ingsun ngucapake “amien”.

Jama’ah jum’ah rahimakumullah.....
Mboten ragu malih (kranten berita kados dipun aturaken ing nginggil dipun dukung kanthi kathah hadis shahih), bilih Ramadhan pinangka sarana penghapus dosa ingkang sak estu sanget.  Ramadhan pinangka fasilitas  pelebur dosa menika sampun dipun tegasaken dening  Rasulullah SAW. :

“Awale menebar rahmat, tengahe menebar ampunan, lan bagian akhir wulan Ramadhan iku dadi  pembebas manungsa  saka siksa neraka.”

Kranten menika, kanthi penyesalan lan taubat ingkang semurni-murninya; permohonan ampun ingkang setulus-tulusnya, insyaAllah dosa-dosa kita kalawingi, ingkang saget ugi  bertumpuk-tumpuk sekalipun, badhe dipun apunten dening Allah SWT. Luasnya samudra maghfirah Allah ing wulan suci Ramadhan nate dipun tuturaken melalui lisan Rasulullah SAW.,

“Senajan sira weruh menawa dosa-dosa kang nate sira tindakake iku nganti ngebeki  langit (krana sangking okehe), banjur sira nggetuni tumindak  dosa iku lan nindakake taubat marang Allah, mangka Allah bakal nampa taubatmu lan paring pangapura marang dosa-dosamu.”

Jama’ah jum’ah rahimakumullah.....
Ramadhan kang utama maghfirah Allah, badhe ngantaraken para “penyambut tulusnya” kagem meraih tazkiyyat an-nafs (penyucian jiwa) ing ndalem maknanipun ingkang sanget luas; mboten sekedar meleburkan dosa, ananging sekaligus mensucikan manah sangking segala bentuk penyakit ruhani. Kondisi manah ingkang kados makaten menikalah ingkang dipun sebut dening  Allah yarham  Ibn Qayyim al-Zaujiyyah, pinangka qalb salim (manah ingkang slamet, tentrem, lan sejahtera), sok sinteno pemilik manah kados makaten badhe saget nemahi jalan lempang menuju kehadirat Ilahi kanthi kebak ridha lan keridhaan-Ipun; ing panggenan persinggahan terakhir, ing saat meniko mboten wonten satu lan sesuatupun ingkang saget paring   perlindungan, maringi kemanfaatan, kecuali manah ingkang kados makaten menika.
tPöqtƒ Ÿw ßìxÿZtƒ ×A$tB Ÿwur tbqãZt/ ÇÑÑÈ   žwÎ) ô`tB tAr& ©!$# 5=ù=s)Î/ 5OŠÎ=y ÇÑÒÈ  
“Swiji dina kang ing kana bandha lan anak-anak  (kang den agul-agulne) ora bisa aweh manfaat, kejaba wong-wong kang sowan marang Allah kanti  manah  kang  slamet lan tentrem.”  (QS. Asy-Syu’ara: 88-89)

Jama’ah jum’ah rahimakumullah.....
Hikmah ramadhan Kapinda, Ramadhan pinangka momen/sarana penting kangge umat Islam kanggo nentokne pilihan urip mulya.
Hakikat tujuan shiam Ramadhan inggih menika meraih derajat muttaqien – la’allakum tattaqun, satu-satunya kedudukan tertinggi di sisi Allah SWT. Setunggal kedudukan menawi kita kuwawi meraihnya, kita badhe mlebet ing ndalem panggesangan para kawulanipun Allah ingkang pikantuk gesang damai lan bahagia, sami ugi semasa gesang ing  ndunya saha langkung-langkung ing negeri  akhirat mbenjing.

Jama’ah jum’ah rahimakumullah.....
Derajat muttaqien dipersiapkan  Allah SWT kagem kawulanipun ingkang sukses shiamipun, kranten sebab-sebab kados badhe kaaturaken menika;
(1) Ing wulan Ramadhan menika, kita kanthi tulus sampun saget meper hawa nafs sangking kebutuhan-kebutuhan fa’ali (dasar) pinjangka manungsa, inggih menika; dahar, ngunjuk, lan sakpiturutipun.
(2) Kita sampun dipun biji dening Allah kuwawi nyonto Allah ing ndalem sifat-sifat-Ipun. Kita dipun biji kuwawi  meneladani sifat-sifat-Ipun ingkang cacahipun 99 (asma’ al-husna), bahkan, kados dipun aturaken ing ndalem anggitanipun Thabathaba’i ing ndalem tafsir Mizan, bilih kita sampun kuwawi nyonto sifat-sifat-Ipun ingkang cacahipun 127. Kranten menika, Rasulullah SAW murukaken dhumateng kita, supados kita ngathah-ngathahaken ndonga dhumateng Allah kanthi nyebat  salah satu sifat-Ipun, yakni sifat pemaaf.;

“Ya Allah, Panjenenngan Dzat Maha  Paring Pangapunten saha Maha Mulya, Dzat ingkang remen dhumateng panyuwunan pangapunten. Kranten menika kula nyuwun pangapunten dhumateng  dosa-dosa kula.”

Jama’ah jum’ah rahimakumullah.....
Hasan al-Basri nggambaraken tiyang ingkang mampu nyonto sifat kasebat, pinangka tiyang ingkang kuwawi  meraih derajat muttakin kanthi sampurna, lan kranten menika piyambakipun tampil ing di gesang bebrayan menika kanthi ciri-ciri utama; kokoh lan resik akidahe, rendah hati, bijaksana, tansah bersyukur marang Allah, murah hati, murah tangan, ora gelem  menyinggung apamaneh nglarani atine liyan, ora memfitnah, dhemen istighfar, menawa den caci maki dening swiji wong, dheweke tersenyum lan ngucapake kalimat penuh bijak: “menawa caci-maki panjenengan bener, mangka aku nyuwun  ampunan marang Allah. Lan menawa caci-maki penjenengan lepat, mangka mugi-mugi Allah paring pangapunten dhumateng panjenengan.”

Jama’ah jum’ah rahimakumullah.....
Pranyoto mboten naming hamba Allah ingkang beriman ingkang tansah kangen bulan Ramadhan, ananging sedaya semesta menika sami kangen dhumateng Ramadhan. Kehadiran wulan Ramadhan saestu ndadosaken sedaya makhluk-Ipun Allah terpesona. Lan sangking negeri akhirat mrika Ramadhan kanthi para penyambut tulusipun sampun dipun tengga kanthi raos kangen ingkang sanget ing ndalem swarganipun Allah SWT.   Rasulullah SAW sampun dawuh ;

“Surga iku kangen marang 4 manungsa; (1)  pengkaji al-Qur’an; (2) pemelihara lisan; (3) aweh daharan marang kang keluwen; (4) kelompok hamba Allah yang memuliakan bulan Ramadhan.

Kranten menikolah jamaa’h jumuah rahimakumullah......
Mugi-mugi kita sedoyo saget saha lampahi Ramadhan ing tahun meniko kanthi niat ingkang tulus lan suci.  Mugi-mugi kita kuwawi manfaataken wulan Mubarrak menika kanthi sak-sae-saenipun kagem nandur amal ingkang sak sae-saenipun, kagem menyambut kehidupan ingkang  penuh kebahagiaan hakiki ing swargonipun Allah ingkang  abadi. Amin...amin...amin...ya rabbal ‘alamin.
جَعَلَنَا اللهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ اْلفَائِزِيْنَ اْلآمِنِيْنَ  *  وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ 
* وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ *


Khutbah Tsaniyah

الْحَمْدُ ِللهِ ، الْحَمْدُ ِللهِ حَقَّ حَمْدِهِ *  أَشْهَدُ أَنْ لآ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ  شَهَادَةَ عَبْدِهِ  *  وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْوَفِيُّ بِعَهْدِهِ *  صَلَّـى اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلهِ وَأَصْحَابِهِ مِنْ بَعْدِهِ *  وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا *  أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى * وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ تَعَالَى أَمَرَكُمْ أَمْرًا عَمِيْمًا *  فَقَالَ جَلَّ جَلاَلُهُ: إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ. يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا *  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ *  وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ *  وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ *
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ * وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ * إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُّجِيْبُ الدَّعَوَاتِ *  اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ أَئِمَتَنَا وَأُمَّتَنَا وَقُضَاتَنَا وَعُلَمَاءَنَا وَفُقَهَاءَنَا وَمَشَايِخَنَا صَلاَحًا تَامًّا عَامًّا وَاجْعَلْنَا هُدَاةَ مُهْتَدِيْنَ *  اَللَّهُمَّ اْنصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ *  وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِيْنَ  *  أَللَّهُمَّ أَهْلِكْ أَعْدَاءَ الدِّيْنَ *  وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ *  وَفُكَّ أَسْرَ الْمَأْسُوْرِيْنَ * وَفَرِّجْ عَنِ الْمَكْرُوْبِيْنَ * وَاقْـضِ الدَّيْنَ عَلَى الْمَدْيُوْنِيـْنَ * وَاكْتُبِ اللَّهُمَّ السَّلاَمَةَ عَلَيْنَا * وَعَلَى الْغُزَّاةِ وَالْمُجَاهِدِيْنَ وَالْمُسَافِرِيْنَ *  إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ *  اَللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ * وَالْبَلاَءَ وَالْوَبَاءَ* وَاْلفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَة * وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ *  مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ * مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً *  وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً * إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ *  رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بالإِيـْمَانِ*  وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاًّ لِّلَّذِيْنَ آمَنُوْا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْم  *والحمد لله رب العالمين *




  


Tidak ada komentar: