Selasa, 11 Februari 2014

Khutbah Jum'ah "Mauludan"


Mengikuti jejak rasul untuk mendewasakan diri
Jum’at wage, 26 Januari 2013 di Masjid Nurul Hasan Mranggen Beton
Habib Anshori, MA.
إنَّ الحَمْدَ لله، نَحْمَدُه، ونستعينُه، ونستغفرُهُ، ونعوذُ به مِن شُرُورِ أنفُسِنَا، وَمِنْ سيئاتِ أعْمَالِنا، مَنْ يَهْدِه الله فَلا مُضِلَّ لَهُ، ومن يُضْلِلْ، فَلا هَادِي لَهُ.
أَشْهَدُ أنْ لا إلَهَ إلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عبْدُه ورَسُولُه.
اَللَّهُمَّ صَلِّى عَلَى مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَ هُدًى
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَاأَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلا سَدِيدًا * يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
Sumonggo Kanthi suasana ingkang penuh berkah lan nikmat puniko monggo kita tansah pupuk keimanan, ketaqwaan kita dumateng Allah swt lan RasulNya Muhammad saw kanthi tetap jagi syati’at lan mujudaken ing dalem gesang saha panggesangan meniko, nglampahi sedoyo perintah saha nebihi sedoyo laranganipun, berakhlakul kariman, senantiasa beramar ma’ruf nahi munkar kanthi penuh kasih sayang.
Jamaah jum’at rahimakumullah
Wonten ing wulan meniko kita taksih nglebeti seminggu ing tahun enggal 2014 saha ketepatan wulan Rabi’ul awwal (wulan kelahiran Nabiyullah Muhammad saw.) Kita sami saget ngraosaken bilih setahun sampun kita lampahi kanthi boten kraos saking cepetipun obahing jaman meniko, pramilo monggo kita refleksikan diri (muhasabah) kanthi ngetung-ngetung amal perbuatan kito meniko kathah ingkang sae menopo amal ingkang awon. gantos tahun berarti usia kito tambah, ananging menawi kita mirsani langkung lebet malih ing manah berarti jatah gesang kita meniko semakin kurang artosipun kita sampun celak kalian kematian. Al-Ghazali wonten kitabipun paring nasihat dumateng manungsa bilih “sak sae-saenipun emut inggih meniko tiyang ingkang emut kalian kematian”. Kranten saking meniko kita saget renungi diri saking ayat Allah :

فَاءِذَا جَاءَ اَجَلُهُمْ لَا يَسْتَأْخِرُوْنَ سَاعَةً وَّلَا يَسْتَقْدِمُوْنَ

"Menawa ajal wus teko, mongko wong-wong iku podho ora biso ngundurne utawa nyepetne ajal kui sesaatpun“. (QS. Al-A’raf ; 34)


Jamaah jum’at rahimakumullah
Saat meniko kito ugi mrengeti bulan Maulid Nabi (kelahiran Nabi kito Muhammad saw), Ingkang sampun kita fahami bilih bentuk-bentuk ajaran agami ingkang kita lampahi boten mesti berawal saking pernyataan-pernyataan secara jelas ing wekdal minggu-minggu meniko yakni bulan maulid nabi nyebataken perayaan maulid nabi sebagai perayaan ingkang kedah kita  ibadahi kados peringatan 1 Muharram. Ananging secara tersirat lan makna ngkang luas, wonten maqasid syari’ah  sarto kenyataan sosial. Maulid nabi ngrupeaken adat kebiasaan ingkang ngemu maksud ibadah-ibadah, lan dinamika ummat.
Bulan Rabi’ ul Awwal wonteng ing masa Arab pra Islam inggih puniko bulan biasa, boten wonten ingkang istimewa, ingkang dihormati bangsa Arab inggih puniko asyahrul Hurum kados bulan Muharram, Dzulhijjah. saged dipun bayangaken bilih masa jahiliyah riyin, umpami Nabi lahir ing bulan Muharram tamtu kemawon tiyang-tiyang bade nyataaken krana berkah bulan Muharram, menawi lahir ing bulan Dzulhijjah tamtu kemawon kesibukan kawasan Arab dan dunia Islam kaliyan haji ninggalaken makna kelahiran beliau.
Jamaah jmat rahimakumullah
Menawi peringatan tahun enggal Hijriyah ngrupeaken bentuk sarana intropeksi diri lan gerakan sosial kemasyarakatan, pramilo peringatan maulid nabi ngrupeaken peringatan kagem diri kota masing-masing, kito mbetahaken sosok, model, uswah kagem menempa diri wonten panggesangan, nglampahi ajaran-ajaranipun saha pripun kita berhubungan kaliah Allah lan sesami makhlukNya. Sosok lan model sarta uswah meniko wonten diri Nabi Muhammad saw ingkang kita prengeti kelahirannipun. Boten maksud menyanjung-nyanjung beliau ananging kagem mematutkan diri kita sebagai cermin sejarah Nabi saha napak tilas perjuanganipun. Prengetan ingkang mengandung manafi lan fawaid kagem kita sebagai masyarakat terdiri, kagem membina masyarakat, sarto mengenalkan, mencintai lan ngelampahi ajaran-ajaranipun. Menikolah makna tersirat ingkat jelas ngrupeaken ibadah-ibadah ingkang dipun anjuraken.

Jamaah jmat rahimakumullah
Kelahiran Rasulullah SAW puniko  rahmat ingkang ageng sanget. yang sangat besar. Nopo malih sak sampunipun beliau  diutus sebagai Nabi lan Rasul.
Allah SWT sampun jelasaken kanthi gamblang wonten kitab alqur’anul Karim  ingkang jelasaken karakter sang Rasulullah saw.
لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِي رَسُولِ اللَّهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِمَنْ كَانَ يَرْجُو اللَّهَ وَالْيَوْمَ الْآَخِرَ وَذَكَرَ اللَّهَ كَثِيرًا
Saktemene wus teko neng sliramu seorang Rasul songko kaummu dewe, roso abot penderitaanmu, sing diarep-arep (keimanan lan keselamatan) kanggo sliramu, rasa belas kasih sayang marang wong-wong mukmin. (QS. At-Taubat : 128)

Sayyid Qutb wonten ing kitab Tafsir Fi Zhilalil Qur'an jelasaken, "Allah boten ngendiko  'rasul songko sliramu” ananging 'rasul songko kaummu”. Ungkapan meniko nedahaken bilih hubungan ingkang kuat, ikatan ingkang kuat  sebab beliau meniko bagian saking ummat kalawau, ingkang bersambung kalian hubungan jiwa kalian jiwa sahinggo hubungan kalawau langkung ini lebih erat lan kuat.

Kitab Tafsir Qur'anil Adzim ingkang dikarang kallian Ibnu Katsir, nerangaken ayat puniko bilih  "Allah SWT nyebataken limpahan nikmat kagem tiyang-tiyang mukmin melalui rasul ingkang dipun utus saking kelompok, bangsa saha bahasa saking tiyang-tiyang kalawau.
Jamaah jumat rahimakumullah

Rasulullah kepingin sanget umatipun supados pikantuk hidayah, sarta kesaenan ing dunyo lan akhirat, pramilo segala hal ingkang sampun diperintahaken supados diteruskan utawi dipun ajaraken dumateng ummatipun, bahkan saking rasa kasih lan sayangipun beliau dumateng umatipun inggih puniko kanthi doanipun ingkang sae supados pikantuk syafaat benjing wonten ing yaulul hisab. Lantas kita wangsulaken dumateng sikap diri kita piyambak-piyambak saking sikap luar biasanya kasih lan sayangipun beliau dumateng kita, beliau ingkang kita waos saben dinten wonten syahadat sebagai saksi bilih beliaulah Rasulullah Muhammad saw sebagai model, sosok, lan uswah (suri tauladan) wonteng ing gesang lan panggesangan kita sakmangke. Mugi-mugi sampek akhir hayat kita mangke taksih sageto tetep nglampahi lan medomani ajaran-ajaranipun beliau kanthi harapan manggihi kesaenan wonten ing dunyo puniko saha wonten akhirat mangke. Amin...amin...amin... ya rabbal alamin.

جَعَلَنَا اللهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ اْلفَائِزِيْنَ اْلآمِنِيْنَ  *  وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ  *  فَقَدْ قَالَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ *  أعوذبالله من الشيطان الرجيم* بسـم اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ *  مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّن ذَكَرٍ أَوْ أُنثَى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً  * وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ *





























Khutbah tsaniyah :

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَى وَدِينِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّينِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُونَ
أَشْهَدُ أنْ لا إلَهَ إلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عبْدُه ورَسُولُه.
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلا سَدِيدًا * يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
اللَّهُمَّ صَلِّ وسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ وسَلّمْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ، وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنْ خُلَفَائِهِ الرَّاشِدِيْنَ، وَعَنْ أَزْوَاجِهِ أُمَّهَاتِ المُؤْمِنِيْنَ، وَعَنْ سَائِرِ الصَّحَابَةِ أَجْمَعِيْنَ، وَعَنْ المُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِنَاتِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، وَعَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.
اللَّهُمَّ اجْعَلْ جَمْعَنَا هَذَا جَمْعًا مَرْحُوْمًا، وَاجْعَلْ تَفَرُّقَنَا مِنْ بَعْدِهِ تَفَرُّقًا مَعْصُوْمًا، وَلا تَدَعْ فِيْنَا وَلا مَعَنَا شَقِيًّا وَلا مَحْرُوْمًا.
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى.
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ أَنْ تَرْزُقَ كُلاًّ مِنَّا لِسَانًا صَادِقًا ذَاكِرًا، وَقَلْبًا خَاشِعًا مُنِيْبًا، وَعَمَلاً صَالِحًا زَاكِيًا، وَعِلْمًا نَافِعًا رَافِعًا، وَإِيْمَانًا رَاسِخًا ثَابِتًا، وَيَقِيْنًا صَادِقًا خَالِصًا، وَرِزْقًا حَلاَلاًَ طَيِّبًا وَاسِعًا، يَا ذَا الْجَلاَلِ وَالإِكْرَامِ.
اللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَوَحِّدِ اللَّهُمَّ صُفُوْفَهُمْ، وَأَجْمِعْ كَلِمَتَهُمْ عَلَى الحَقِّ، وَاكْسِرْ شَوْكَةَ الظَّالِمِينَ، وَاكْتُبِ السَّلاَمَ وَالأَمْنَ لِعِبادِكَ أَجْمَعِينَ.
اللَّهُمَّ رَبَّنَا احْفَظْ أَوْطَانَنَا وَأَعِزَّ سُلْطَانَنَا وَأَيِّدْهُ بِالْحَقِّ وَأَيِّدْ بِهِ الْحَقَّ يَا رَبَّ العَالَمِيْنَ
اللَّهُمَّ رَبَّنَا اسْقِنَا مِنْ فَيْضِكَ الْمِدْرَارِ، وَاجْعَلْنَا مِنَ الذَّاكِرِيْنَ لَكَ في اللَيْلِ وَالنَّهَارِ، الْمُسْتَغْفِرِيْنَ لَكَ بِالْعَشِيِّ وَالأَسْحَارِ
اللَّهُمَّ أَنْزِلْ عَلَيْنَا مِنْ بَرَكَاتِ السَّمَاء وَأَخْرِجْ لَنَا مِنْ خَيْرَاتِ الأَرْضِ، وَبَارِكْ لَنَا في ثِمَارِنَا وَزُرُوْعِنَا وكُلِّ أَرزَاقِنَا يَا ذَا الْجَلاَلِ وَالإِكْرَامِ.
رَبَّنَا لا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا، وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً، إِنَّكَ أَنْتَ الوَهَّابُ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. والحمد لله رب العالمين ...

عِبَادَ اللهِ :إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي القُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ   ولذكر الله اكبر .

Tidak ada komentar: