Rabu, 12 Februari 2014

Khutbah Iedul Adha

PONDASI PENDIDIKAN IBRAHIM A.S. MENJADIKAN GENERASI SHALIH
Selasa, 15 Oktober 2013 / 10 Dzulhijjah 1434
Masjid “Nurul Hasan” Mranggen Beton
Kaaturaken dening : Habib Abu Nafi’ Al-Anshori


* اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ * اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ * اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ * وَللهِ الْحَمْدُ * اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاَ. لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ, صَدَقَ وَعْدَهُ, وَنَصَرَ عَبْدَهُ, وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ اْلأَحْزَابَ وَحْدَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ الله ُ وَحْدَهُ َلا شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِينَ وَتَابِعِى التَّابِعِينَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ الله! إِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.

Allah Maha Agung 3x boten wonten pangeran kejaba mung Allah, lan sedoyo puji inggih namung kagunganipun Allah swt.
Kanthi kumandanging kalimat takbir tasbih tahmid saha tahlil ingkang boten kendat  terucap saking lisan-lisan para hamba ingkang mukmin lan shalih lan sedoyo ummat Islam jaler istri, alit anem lan tuwo milai kalawingi sonten hinggo saat puniko, mugi-mugio saget anggetaraken buminipun Allah lan seisinipun ing dunyo meniko, mugio saget anggetaraken manah-manah para kaum muslimin seluruh penjuru dunia, wa bil khusus mugi-mugi saget anggetaraken manah kita sedoyo para kaum muslimin jama’ah sholat ied ing masjid Nurul Hasan meniko kanthi pangajab pikantuk sedoyo rahmat lan ampunan Allah swt.

Ya Allah, dinten puniko kanthi sedoyo kerendahan hati, tawadhu, khusyu’ lan khudhur kita sedoyo saget ngempal ing masjid meniko, nyelak saha sujud bersimpuh dumateng panjenengan supados saget pinaringan rahmat lan ampunanMu, kranten kita sadar bilih kita sedoyo sanget betahaken rahmatMu ugi sadar bilih boten wonten artosipun panggesangan kita meniko tanpa agamaMu inggih namung dienul Islam.

AllahuAkbar  (3X), Allaahu Akbar  wa Lillaahi al-Hamd
Jamaah Majid Nurul Hasan Rahimakumullah
Lewat mimbar meniko kawulo ngajak dumateng diri kawulo  saha para jama’ah sami  monggo kita sareng-sareng manjataken puji syukur dumateng Allah swt kranten sedoyo kanikmatan ingkang sampun kaparingaken dumateng kita sedoyo pramilo saking puniko monggo-monggo kita ningkataken taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman,  kanthi tansah  nindakaken perintah lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun, kranten tujuan utama sedoyo ibadah ing ajaran Islam inggih meniko Taqwallah (taat lan tunduk dumateng Allah swt). mugi-mugi kanti ketaqwaan kita sageto nemahi kawilujungan  panggesangan ingkang berkah, manfaat lan bahagia wiwit wonten dunyo hinggo ing akhirat mangke. Amin...ra rabbal alamin.

AllahuAkbar  (3X), Allaahu Akbar  wa Lillaahi al-Hamd
Jamaah Majid Nurul Hasan Rahimakumullah

Iedul Adha inggih puniko kawastanan hari raya quban lan hari raya haji. Punopo kawastanan mekaten? Hari Raya qurban dikandung maksud supados kita sedoyo saget emut lan napak tilas pengorbanan  ingkang sampun dilampahi Nabi Ibrashim a.s. saha keluarganipun ingkang perlu dicontoh, diteladani, lan diwujudaken saking ajaran lan pendidikan kagem panggesangan kita lan keluarga kita sedoyo, hari raya qurban inggih saget ugi dimaknai sebagai tanda rasa syukur kita atas nikmat lan rizki ingkang sampun kaparingaken saking Allah swt dumateng kita sehinggo saget lan purun nyembelih hewan qurban ingkang dipun bagi dumateng fuqara lan masakin.

Kawastanan Hari raya Haji kranten wonten ing wekdal meniko ummat Islam seluruh penjuru dunia saget sareng makempal kanthi manah ingkang ikhlas lan tawadhu hadir lan taqarrub  dumateng Allah swt sang khaliq ing tanah suci Makkatul Mukarromah saperlu nindaaken ibadah haji rukun Islam ingkang terakhir murih pikantuk kasempurnaan anggenipun nglampahi rukun Islam, lan sedoyo puniko baik ibadah qurban maupun ibadah haji namung setunggal niat inggih puniko pikantuh ridhanipun Allah swt.

Asy-Syaikh al-Allamah as-Sa’di wonten kitab Qashash al-Anbiya`  nyebataken bilih Allah sampun paring kisah Nabinipun inggih puniko Ibrahim ‘Alaihissalam supados  kita meniko saget ngertos lan saget mendet pelajaran kagem panggesangn  kita saha keluarga.

Nabiyullah Ibrahim a.s.  dados tepo tulodho, pawongan ingkang temen jejeg anggenipun nindaaken tauhid, ngawisi kesyirikan, trisno dumateng ketaatan nggeting dhumateng  tumindak kekufuran. Ibrahim as. minongko satunggaling bapak ingkang kasil ndidik putranipun ugi garwanipun kanthi tarbiyah islam ingkang ngasilaken pribadi-pribadi ingkang tuhu taat dhumateng Allah subhanahu wata’ala. Puniko kedhah kito contho, kito kedah paring kawigatosan dhumateng keluwargo kito supadhos dadhos keluwargo ingkang nggadahi tauhid ingkang leres.

Putro puniko saged dadhos penyebab ketentremanipun manah, ananging ugi saged dadhos sebab punjering kesengsaraan. Rikolo tiang sepah gadah putro-putri ingkang shalih lan shalihah, manah saged tentrem, Kosokwangsulipun menawi putra-putri kito puniko medal saking pangugeman syariat islam, mongko poro putra-putri kolowau saged nyusahaken tiyang sepahipun. Lajeng kadhos pundi anggen kito badhe ngukir keturunan ingkang shallih lan shalihah miturut syariat islam.
Pramilo saking meniko monggo kita tengok lan berfikir dumateng  keluarga kita piyambak-piyambak kanthi paring bekal lan murih saget nuwuhaken generasi-genarasi  penerus ingkang taat lan shalih nopo malih wonten ing zaman sak mangke kita boten saget bayangaken para generasi penerus kita ingkang kebak kaliyan tantangan lan cobaan, menopo malih kabudayan-kabudayan  ingkang jelas-jelas sampun ngrisak dumateng para putra lan generasi kita. Menawi sampun mekaten, sinten ingkang tanggel jawab kecuali kita para tiyang sepah lan masyarakat. Punopo sampun tiang sepuh paring tulodo ingkang sae tumrap putra putrinipun? Inggih namung Allah lan diri kita ingkang mangertos.

AllahuAkbar  (3X), Allaahu Akbar  wa Lillaahi al-Hamd
Jamaah Majid Nurul Hasan Rahimakumullah

Nabiyullah Ibrahim a.s. sebagai peletak dasar ibadah qurban saha ibadah haji ananging wonten malih ingkang saget kita ikuti lan pedomani inggih meniko keberhasilan Ibrahim a.s ndidik lan mencetak keluarga putra lan wayahipun hinggo dados nabi lan pejuang Islam. Kunci keberhasilan Ajaran lan pendidikan ingkang saget kita pendet hikmahipun kalawau inggih puniko :

Sepindah : Ibrahim a.s. ndidik kanthi Pondasi Ketauhidan. Beliau terus manjataken doa lan panyuwunan dumateng Allah supados diparingi generasi ingkang shalih ingkang saget nerusaken perjuangan agama tauhid, hinggo Allah ngabadiaken wonten ing Al-Qur’an al-Karim kaliyan do’anipun kalawau.
Éb>u ó=yd Í< z`ÏB tûüÅsÎ=»¢Á9$# ÇÊÉÉÈ  
Ya Allah Ya Rabb..mugio paduka anugerahi dumateng kawulu putro (keturunan) ingkang shalih. ( (Q.S. Ash Shaaffaat : 100).

Ibrahim a.s. boteb kendat anggenipun  nanamaken nilai-nilai aqidah dumateng putranipun sebagai pondasi ing panggesanganipun ugi dumateng ummatipun. Beliau sering paring peringatan dumateng putranipun kanthi pangandikan : Maata’buduuna min ba’dii ( Opo sing bakal kok  sembah menawa aku wis mati?) boten pangandikan Maata’kuluuna min ba’dii (opo sing bakal kok pangan menawa aku wis mati?). mekatenlah pondasi utama ingkang beliau tanamkan saben dintenipun, Beliau boten kuatir sanget dumateng nasib ekonomi putranipun ananging ingkang sanget beliau kuatirkan inggih meniko masalah agami utawi sesembahan sak lintunipun Allah swt.

AllahuAkbar  (3X), Allaahu Akbar  wa Lillaahi al-Hamd
Jamaah Majid Nurul Hasan Rahimakumullah

Pendidikan Ibrahim a.s. ingkang kalih, nanemaken pondoasi dumateng Isma’il a.s lan putra-putranipun supados derek lan gegondelan dumateng ajaran Islam kanthi kaffah (sempurna), supados Islam boten tercampur kaliah ajaran-ajaran berhala nopo malih ngantos musyrik. beliau ugi wasiat ingkang dipun ngendikaaken dumateng putranipun Ya’qub a.s. ingkang sampun kaabadiken ugi wonten firmanipun Allah : 
4Óœ»urur !$pkÍ5 ÞO¿Ïdºtö/Î) ÏmÏ^t/ Ü>qà)÷ètƒur ¢ÓÍ_t6»tƒ ¨bÎ) ©!$# 4s"sÜô¹$# ãNä3s9 tûïÏe$!$# Ÿxsù £`è?qßJs? žwÎ) OçFRr&ur tbqßJÎ=ó¡B ÇÊÌËÈ  
Wahai anak-anakku...saktemene Allah wus milihne agama iki marang sliramu, mongko ojo sampek kowe mati kecuali gegondelan agama Islam. (QS. Al-Baqarah ; 132)

Pondasi Pendidikan Ibrahim a.s. ongko Tigo : Proses pendidikan Ibrahim a.s. dumateng putranipun lengkap sanget sedoyo aspek, inggih puniko :
Tilawah (maos) supados saget madangne pikir,
Tazkiyah (nasehat) supados saget nguatne jiwa,
Taklim (pelajaran) supados saget ningkatne/ngembangaken ilmu,
Hikmah supados saget dampingi/ngiringi ama-amal kebajikan.

Pondasi Pendidikan ingkang ongko sekawan : Beliau terus berusaha murih Lingkungan pendidikan Ibrahim kagem putra-putranipun supados fikiran lan jiwanipun bebas saking kebiasaan-kebiasaan awon, bebas saking penyakit-penyakit aqidah dan akhlaq, kados berhala dunia, fikiran sesat, kabudayan jahiliyah, perilaku ingkang tercela lan lintu-lintunipun.
Supados lingkungan Ismail dipun tebihaken saking akhlak ingkang awon, “Baitullah” beliau dadoskan pusat ngibadah supados Ismail saget gesang lan berkembang wonten ing kahanan Islami, saget ngibadah lan sholat inggih namung dumateng Allah. Sebab kanthi panggenan mekatenlah ingkang saget beto lan dadosaken fikiran lan jiwa Ismail saget sae.

AllahuAkbar  (3X), Allaahu Akbar  wa Lillaahi al-Hamd
Jamaah Majid Nurul Hasan Rahimakumullah

Mekatenlah Nabyullah Ibrahim a.s. satunggalipun nabi ingkang berhasil beto lan ngantaraken putranipun dados Nabi hinggo keturunan beliau dados Nabi akhir zaman yakni Rasulullah Muhammad saw. Kranten saking meniko Pondasi pendidikan ingkang dipun ajaraken Ibrahim a.s. dumateng keluarganipun saget lan patut kita conto, kita tiru lan kita wujudaken dumateng keluarga, putra lan dumateng lingkungan masyarakat kanthi harapan saget nerusaken ajaran-ajaran beliau lan dados generasi shalih lan Islami.

Sebagai akhir khutbah meniko,monggo kanthi manah ingkang khusu’ lan tawadhu  kita terus dongo dumatng Allah swt mugi-mugi panggesangan kita terhindar utawi katebihaken saking sedoyo keburukan ingkang saget ngrisak ajaran Islam. Mugi-mugi Allah paring ridha dumateng kita kanthi kebenaran agamanipun saha paring kekiatan saget ngamalaken hinggo panggesangan kita sedoyo nemahi panggesangan ingkang bahagia, selamat wonten ing dunyo lan selamat ing  akhirat mangke. Amin... ya rabbal ‘alamin.

بارك الله لى ولكم بما فيه من الأيات و الذكر الحكيم وقل ربى اغفر وارحم و انت خير الرحمين

Khutbah Kedua

* اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ * اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ * اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ .

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ كَانَ بِعِبَادِهِ خَبِيْرًا بَصِيْرًا، تَبَارَكَ الَّذِيْ جَعَلَ فِي السَّمَاءِ بُرُوْجًا وَجَعَلَ فِيْهَا سِرَاجًا وَقَمَرًا مُنِيْرًا. أَشْهَدُ اَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وأََشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وُرَسُولُهُ الَّذِيْ بَعَثَهُ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا، وَدَاعِيَا إِلَى الْحَقِّ بِإِذْنِهِ وَسِرَاجًا مُنِيْرًا.   أما بعد

Jama’ah Sholat Ied Rahimakumullah
Sebagai penutup khutbah ing injing meniko Monggo kita sareng-sareng noto manah kanthi khusu’ lan tawadhu saperlu ndongo nyuwun dumateng Allah swt mugi-mugi kita sedoyo tansah pinaringan yuswo panjang, rizki ingkang berkah hinggo saget nglampahi qurban saha tinimbalan saking Allah swt saget nindaaken ngibadah haji ing Makkatul Mukarromah. Amin...ya rabbal ‘alamin.

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ وَرَضِيَ اللهُ تَعَالَى عَنْ كُلِّ صَحَابَةِ رَسُوْلِ اللهِ أَجْمَعِيْنَ  وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

 اللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنَهُمْ وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِهِمْ وَاجْعَل فِي قُلُوْبِهِم الإِيْمَانَ وَالْحِكْمَةَ وَثَبِّتْهُمْ عَلَى مِلَّةِ رَسُوْلِكَ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمْ وَأَوْزِعْهُمْ أَنْ يُوْفُوْا بِعَهْدِكَ الَّذِي عَاهَدْتَهُمْ عَلَيْهِ وَانْصُرْهُمْ عَلَى عَدُوِّكَ وَعَدُوِّهِمْ إِلهَ الْحَقِّ
اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنا دِيْنَنَا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنا وَأَصْلِحْ لنا دُنْيَانا الَّتِي فِيهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لنا آخِرَتنا الَّتِي فِيهَا مَعَادُنا وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لنا فِي كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلِ الْمَوْتَ رَاحَةً لنا مِنْ كُلِّ شَرٍّ
اللّهمَّ حَبِّبْ إلَيْنَا الإيمَانَ وَزَيِّنْهُ فِي قُلُوْبِنَا وَكَرِّهْ إلَيْنَا الْكُفْرَ وَالْفُسُوْقَ وَالْعِصْيَانَ وَاجْعَلْنَا مِنَ الرَّاشِدِيْنَ
اللّهمَّ أَعِزَّ الإسْلاَمَ وَالمسلمين وَأَذِلَّ الشِّرْكَ والمشركين وَدَمِّرْ أعْدَاءَ الدِّينِ وَاجْعَلْ دَائِرَةَ السَّوْءِ
اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا صِيَامَنَا وَقِيَامَنَا وَأَعِدْ عَلَيْنَا مِنْ بَرَكَاتِ هَذَا الْيَوْمِ
اللهم فَرِّقْ جَمْعَهُمْ وَشَتِّتْ شَمْلَهُمْ وَخُذْهُمْ أَخْذَ عَزِيْزٍ مُقْتَدِرٍ إنَّكَ رَبُّنَا عَلَى كلِّ شَيْئٍ قَدِيْرٍ
اللهمَّ ارْزُقْنَا الصَّبْرَ عَلى الحَقِّ وَالثَّبَاتَ على الأَمْرِ والعَاقِبَةَ الحَسَنَةَ والعَافِيَةَ مِنْ كُلِّ بَلِيَّةٍ والسَّلاَمَةَ مِنْ كلِّ إِثْمٍ والغَنِيْمَةَ مِنْ كل بِرٍّ والفَوْزَ بِالجَنَّةِ والنَّجَاةَ مِنَ النَّارِ
رَبَّنا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الاخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار
اللهمَّ $tRÏ÷d$# xÞºuŽÅ_Ç9$# tLìÉ)tGó¡ßJø9$#  .  xÞºuŽÅÀ tûïÏ%©!$# |MôJyè÷Rr& öNÎgøn=tã ÎŽöxî ÅUqàÒøóyJø9$# óOÎgøn=tæ Ÿwur tûüÏj9!$žÒ9$# .
  وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ